Minggu, 19 Januari 2020

pawarta


Pengertian Pawarta 

pengertian-pawarta-dalam-bahasa-jawa

Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh. 

Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk kayata:

Bentuk cetak

Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan sanesipun.

Bentuk Siaran

Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA TV, berita bahasa jawa JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita bahasa jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.

Liwat Internet

Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta bahasa jawasesorah jawakumpulan cerita bahasa jawacerita wayang bahasa jawa, lan sak panunggalane.

Bentuk lisan

Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.

Unsur Pawarta

Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan.
 ~Apa   = Kedadean apa sing bakal 
                    dicawesake
~Sapa   = Sapa sing ngalami kedadean 
                     kasebut
~Kapan   = Kapan kedadean kasebut dumadi.
~Kepriye  = Kepriye kedadean kui bisa 
                     dumadi
~Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui 
                      dumadi
~Kena apa= Merga apa kedadean kasebut    
                       dumati

Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H.

Warta ingkang menarik kedah nduweni pirang-pirang sifat yaiku 
1.aktual, 
2.faktual utawa nyata,
3. cekak aos, 
4.narik kawigaten utawa menarik kanggo       dingerteni, unik, uga jangkep.
Sumber:https://pawartabahasajawa.blogspot.com/2015/08/pengertian-pawarta-dalam-bahasa-jawa.html?m=1

Jumat, 17 Januari 2020

Tata Cara Adat Manten Jawa


  Upacara Penganten Adat Jawa
       Upacara penganten adat jawa iku sawijine Upacara sakral adat jawa kang duwe urut-urutaning upacara lan tata cara kang wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangake pertemuan antarane penganten putri lan penganten kakung ing swasana kang mligi lan di lambangake dadi pasangan raja lan ratu.
       Rangkeyan inti upacara umume diselenggarakake ing daleme penganten putri, kang dadi penyelenggaraan utawa tuwan omah yaiku wong tuwa utawa kulawarga penganten putri. Nanging, tetep dibiyantu kulawarga penganten kakung. Rangkeyan upacara pengantenan adat jawa iku seje – seje miturut dhaerah uga diselenggarakake salaras kahanan ekonomi sosial kaluwargane.
Rerangkening upacara pengantenan nglimput 16 Upacara, Yaiku :
1.         LAMARAN
Upacara lamaran yaiku upacara kanggo nrima kulawarga calon penganten kakung ing daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tandha menawa wong tuwa utawa kaluwarga manten putri sarujuk yen putrine di dadekake pasangan kaleh manten kakung. Ing acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nentokake dino utawa tanggal penyelenggaraane rerangkeyan upacara liyane.
2.         SIRAMAN
Acara Siraman yaiku upacara kang sejtine dadi pralambang kanggo ngresekake jiwane calon penganten. Upacara iki diselenggarakake sedina sadurunge ijab kabul lan dilakokake ing omah masing – masing calon manten.
3.         MIDODARENI
Tembung Midodareni asale saka basa jawa yaiku Widodara utawa Bidadari ing basa Indonesia. Oleh menika Midodareni yaiku upacara kang ngandhung makna menawa bengi sadurunge acara pengantenan iku, kabeh widodari mudhun saka suwarga aweh pangestu uga penganten putri bakal dadi ayu kaya widodari. Ing acara iki penganten putri ora oleh metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sadulur – sadulure putrine.
4.         SRAH – SRAHAN 
Srah-srahan iku diarani  uga “asok tukon” yaiku pehak kakung nyerahkake ubarampe lan beaya kang bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan.
5.         IJAB KABUL
Ijab Kabul yaiku sawijine rerangkening pengantenan kang nuduhake menawa penganten kakung kuwi ngucapkake janji ing ngendi kuwi didelok karo wong akeh kanggo saksi menawa nikahipun sampun sah.
6.         UPACARA PANGGIH
Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan dilehkake ing prapatan cedhak omah kang tujuwane kanggo gusir roh jahat. Upacara Panggih dhewe yaiku tetemune penganten putri lan penganten kakung saperlu nerusakake upacara balng suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbang, kacar kucur, dhahar klimah, mertui, lan sungkeman.
7.         UPACARA BALANG SURUH
Upacara balang suruh yaiuku upacara kang dadi pralambangan sih katresanan lan kasetiaan ing antarane penganten kakung lan putri.
8.         UPACARA WIJI DADI
Upacara Wiji Dadi yaiku uapacara mingangka penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikile penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki uga dadi pralambang sawijining kepala kulawarga sing tanggung jawab mrig kulawarga.
9.         PUPUK 

Upacara Pupuk yaiku upacara dene ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung lan menehi ngombe minangka tandha eklas nampa dadi bageane kulawarga.
10.     SINDURAN
Upacara Sinduran yaiku Lumampah alon-alon penganten kakung lan penganten putri kanthi nyampirake kain sindur kang ditarik kalih bapake penganten putri minangka tandha penganten sakloro wis di tinampa dadi kulawarga.
11.     TIMBANG
Upacara Timbang yaiku minangka penganten kakung lan putri lungguh ing pangkone bapake penganten putri kang dadi pralambangan sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantune saha besan.
12.     KACAR-KUCUR
Kacar-kucur yaiku Upacara kang migunakake awujud dhuwit receh, beras, lan ubarampe liyane kang dikucurake ana pangkone penganten putri minangka pralambang aweh nafkah.
13.     DHAHAR KLIMAH
Dhahar Klimah yaiku upacara kang dilakoni kanti cara penganten kakung lan penganten putri dhahar dulang dulangan minangka kang dadi pralambang penganten kakung lan putri bisa urip seneng lan susah kanthi bebarengan.
14.     SUNGKEMAN
Sungkeman yaiku Penganten kakung lan penganten putri sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
15.     MERTUI
Mertui yaiku upacara kang dilakoni kanthi cara wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak ing acara resepsi.
16.     KENDUREN/RESEPSI
Keduren utawa resepsi yaiku puncake acara pengantenan kang duweni makna upacara slametan, slamet amarga acarane inti ijab kabul wis sampun diselenggarakake, lan biyasane ing acara iki pasangan penganten nrima ucapan slamet saka kerabat, kanca, uaga kabeh sing hadir ing acara pengantenan. 

Sumber;http://lilis-mardiana.blogspot.com/2017/12/tata-cara-adat-jawa-manten-dalam-bahasa.html?m=1

Kamis, 16 Januari 2020

GAMELAN



  • Pangerten Gamelan
Gamelan yaiku seperangkat piranti musik sing terdiri saka : Rebab, Kendang, Peking (Gamelan), Bonang, Bonang panerus, Kenong lan Kethuk, Saron, Slenthem, Gender, Gong, Gambang, Siter, Demung, lan Suling. Komponen utama piranti musik gamelan yaiku : pring, logam, lan kayu. Masing-masing piranti nduweni guna dhewe jero pagelaran musik gamelan.
Tembung Gamelan dhewe asale saka basa Jawa “gamel” sing nduwe arti nggebug / menabuh, dimeloni akhiran “an” sing dadekne dheweke dadi tembung benda. lagekne bebasan gamelan nduweni arti dadi siji kesijen piranti musik sing didolanke bareng.s
Sejarah Gamelan
Musik gamelan duwé sajarah sing tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindulan Buddha ing Nusantara. Utamané nalika kawanguné karajan-karajan gedhé kayakarajan Majapahit. Jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawa iku kasil saka budayaHindu kang banjur kagubah dening Sunan Bonang. Seni perkembangané musik Jawa iki kira-kira ana pas anané kentongan,rebab, [tepukan tutuk] saka anané gèsèkan ana tali utawa pring tipis nganti nuju prakembangané piranti musik saka bahanlogam.
Ngrembakané musik gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan, rebab, tepukan, banjur gèsèkan ing tali utawa pring tipis nganti tekan alat musik kang digawé saka logam. Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis. Nalika dituthuk kanggo ngiringi gendhing. Gamelan Jawa duwéni rong puteran yaikusléndra lan pélog. Sléndro nduwéni limang nada saben oktaf yaiku 1 2 3 5 6 [C- D E+ G A]. Nadha slendro duwéni interval kang kacèké mung sithik. Déné pélog nduwèni 7 nadha saben oktaf yaiku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E- F# G# A B] kanhti interval kang bedané utawa kacèké akéh. Komposisi musik gamelan digawé kanthi aturan-aturan kang gumahtok, yaiku gamelan ana rong puteran lan duwéni pathet, ana watesé sak gongan lan melodhiné digawé ing unitkang kasusun saka 4 nadha.
Zoetmulder ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan alat musik perkusi yaiku alat musik ingkang ditabuh. Miturut basa BaliBali wonten istilah gambèlaningkang dados gamelan. Konon, ing mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken dening Sang hyang GuruSang Hyang Guruing warsa Saka, dewa ingkang mandegani sedaya Tanah Jawa, kaliyan istana ing Gunung Mahendra ing Medangkamulan(sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang Guru punika nyiptakaken 2 Gong kangge ngundang arwah dewa-dewa, lajeng saged kasusun set gamelan. Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking watu, wit-witan, tulang kewan. Nalika ing jamanmodern sapunika, piranti gamelan dipunriptakaken kanthi nglampahi prosesindustri, ingkang bahanipun werni-werni. Gamelan saged dipundamel saking timah putih (Sn) lan tembaga (Cu), ugi saged dipundamel saking kuningan, singen, utawa Wesi.
  
    Jenis Gamelan Miturut Larase 
1.    Gamelan Laras Sléndro
Sléndro utawa saléndro iku salah sijititilaras ing gamelan. Saliyané sléndro, ana uga titilaras pélog. Ana 5 swara (nada). Titilaras Sléndro béda karo titilaras pélog. Ing slendro ora ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras sléndro duwé 5 nada ing saben gembyang utawaoktaf, ya iku 1 2 3 5 6. Kanggo gampangé asring dipadhakaké karo C-D E+ G A ing titi laras kulonan. Siji lan sijiné nada nduwé béda interval swara sing cilik.
2.    Gamelan Laras Pélog

Pélog iku salah sijiné titilaras inggamelan. Saliyané Pelog, ana uga Slendra. Pelog béda karo Slendra , ing Pelog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras Pelog duwé 7 nada ya iku 1 2 3 4 5 6 7.

Sumber:https://rallaznet.blogspot.com/2017/11/makalah-bahasa-jawa-tentang-gamelan.html?m=1