Rabu, 12 Februari 2020

Omah joglo



OMAH JOGLO




   Omah tradisional Jawa Tengah salah sijine yaiku Joglo. Joglo iku jinis omah tradisional Jawa sing katon prasaja lan dipigunakaké minangka simbol utawa panandha status sosial saka bangsawan Jawa . Biasane, omah  joglo mung diduweni wong kang duwe banda akih. Amerga omah joglo butuhake material kang akih lan larang regane. Omah joglo uga butuhake lahan kang amba amerga ana bagian kang digunaake nampa tamu kang akih.  Nanging Ing jaman saiki wis arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki.

    Omah iki duweni keunikan yaiku payone kang dhuwur lan duweni soko wangun papat soko kang utama kang nyangga bangunan lan tumpang sari kang wujud susunan balok kang disangga soko guru. Ciri khas liane yaiku duweni payon kang dhuwur kaya gunung.

    Ruangan ing omah joglo biasane dibagi dadi telu bagian. Bagian kaping siji yaiku ruangan kanggo patemon kang kasebut pendhopo. Bagian kapindo yaiku ruang tengah utawa ruang kanggo nanggap wayang kulit, kasebut pringgitan. Bagian kaping telu yaiku ndalem utawa omah jero, kanggo ruang keluarga. Ing jero rungan iki ana telu senthong, yaitu senthong kiri, senthong tengah, lan senthong kanan.


    Pendhopo duweni fungsi kanggo namppa tamu. Struktur bangunan pendhopo migunaake umpak kanggo alas soko, 4  soko guru (tiang utama) duweni simbol 4 arah mata angin, lan 12 soko pengarak. Uga ana tumpang sari yaiku susunan balik kang disangga  soko guru. Biasane, tumpang sari ana ing pendopo bangunan kang disusun tingkat. Tingkatan-tingkatan iki duweni arti minangka tingkatan kanggo menyang titik puncak. Miturut kepercayaane wong Jawa, tingkatan-tingkatan iki bakal dadi siji ing siji titik.

    Dalem yaiku pusat ing omah joglo. Fungsi utamane kanggo ruang keluarga. miturut pola tata ruang, dalem duweni prabedan ing duwuring pondasi, saengga membagi ruang dadi 2 area. Ing  pondasi kang luwih dhuwur digunakake panggon mlebu metune udara, ing bagian kang luwih cendhek digunakake ruang keluarga lan senthong.

Sumber : http://holesciences.blogspot.com/2017/04/deskripsi-rumah-adat-joglo-dalam-bahasa.html?m=1

Wewaler


Wewaler

Wewaler menika salah satunggaling kabudayan jawi ingkang awujud pitutur luhur. Pitutur menika boten namung awujud ujaran utawi panyaruwe mawi lisan, nanging saged awujud menapa kemawon. Wonten ing gugon tuhon kathah ingkang awujud pitutur para tiyang sepuh dhumateng putranipun. Wonten ing gugon tuhon yaiku kapercayan wong jawa marang sawenehing bab utawa prakara kang ora tinemunalar.
Tumrape wong jawa kang percaya utawa ngandel tansah duwe rasa was sumelang menawa ora bisa nyranani utawa nyembadani prakara kang dianggep mbebayani iku. Kathah ingkang nggadhahi pamanggih ingkang beda babagan gugon tuhon, amargi gugon tuhon kemawon wujudipun warni-warni.

Tuladha :

  1. Bandha kang resik iku bandha kang saka nyambut gawe lan ora soko ngrusak liyan. Dene bandha kang ora resik iku bandha soko colongan (Harta benda yang bersih itu dihasilkan dari keringat sendiri dan tidak menyakiti orang lain. Sedangkan yang tidak bersih itu adalah hasil dari mencuri/kosupsi)
  2. Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya ora mikirake kiwa tengene, uga ira mikirake kahanan bathin (Keduniaan yang tidak bersih itu dihasilkan dari nafsu yang mengesampingkan nurani bathin dan tidak memikirkan orang lain)
  3. Golek bandha iku sakmadya bae, udinen katentreman njaba njero (Mencari harta itu yang sedang-sedang saja, yang diperlukan adalah kebahagiaan. Harta banyak disertai nafsu malah kadang tidak membahagiakan)
  4. Bandha iku bisa gawe mulya uga bisa gawe cilaka. Gawe mulya lamun barang kang becik, gawe cilaka lamun barang saka panggawe ala (Harta benda bisa membahagiakan dan menyengsarakan. Membahagiakan bila dihasilkan dengan yang sebenarnya (olah karsa) dan menyengsarakan bila dihasilkan dari perbuatan yang kurangbaik)
  5. Bandha iku anane mung aneng donya, mula yen mati ora digawa (Ingatlah...bahwa harta benda itu cuma ada di dunia ini, bila meninggal tidak akan anda bawa)

Sumber : https://griyabasajawa.blogspot.com/2018/09/wewaler.html?m=1

Minggu, 19 Januari 2020

pawarta


Pengertian Pawarta 

pengertian-pawarta-dalam-bahasa-jawa

Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh. 

Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk kayata:

Bentuk cetak

Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan sanesipun.

Bentuk Siaran

Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA TV, berita bahasa jawa JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita bahasa jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.

Liwat Internet

Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta bahasa jawasesorah jawakumpulan cerita bahasa jawacerita wayang bahasa jawa, lan sak panunggalane.

Bentuk lisan

Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.

Unsur Pawarta

Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan.
 ~Apa   = Kedadean apa sing bakal 
                    dicawesake
~Sapa   = Sapa sing ngalami kedadean 
                     kasebut
~Kapan   = Kapan kedadean kasebut dumadi.
~Kepriye  = Kepriye kedadean kui bisa 
                     dumadi
~Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui 
                      dumadi
~Kena apa= Merga apa kedadean kasebut    
                       dumati

Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H.

Warta ingkang menarik kedah nduweni pirang-pirang sifat yaiku 
1.aktual, 
2.faktual utawa nyata,
3. cekak aos, 
4.narik kawigaten utawa menarik kanggo       dingerteni, unik, uga jangkep.
Sumber:https://pawartabahasajawa.blogspot.com/2015/08/pengertian-pawarta-dalam-bahasa-jawa.html?m=1

Jumat, 17 Januari 2020

Tata Cara Adat Manten Jawa


  Upacara Penganten Adat Jawa
       Upacara penganten adat jawa iku sawijine Upacara sakral adat jawa kang duwe urut-urutaning upacara lan tata cara kang wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangake pertemuan antarane penganten putri lan penganten kakung ing swasana kang mligi lan di lambangake dadi pasangan raja lan ratu.
       Rangkeyan inti upacara umume diselenggarakake ing daleme penganten putri, kang dadi penyelenggaraan utawa tuwan omah yaiku wong tuwa utawa kulawarga penganten putri. Nanging, tetep dibiyantu kulawarga penganten kakung. Rangkeyan upacara pengantenan adat jawa iku seje – seje miturut dhaerah uga diselenggarakake salaras kahanan ekonomi sosial kaluwargane.
Rerangkening upacara pengantenan nglimput 16 Upacara, Yaiku :
1.         LAMARAN
Upacara lamaran yaiku upacara kanggo nrima kulawarga calon penganten kakung ing daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tandha menawa wong tuwa utawa kaluwarga manten putri sarujuk yen putrine di dadekake pasangan kaleh manten kakung. Ing acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nentokake dino utawa tanggal penyelenggaraane rerangkeyan upacara liyane.
2.         SIRAMAN
Acara Siraman yaiku upacara kang sejtine dadi pralambang kanggo ngresekake jiwane calon penganten. Upacara iki diselenggarakake sedina sadurunge ijab kabul lan dilakokake ing omah masing – masing calon manten.
3.         MIDODARENI
Tembung Midodareni asale saka basa jawa yaiku Widodara utawa Bidadari ing basa Indonesia. Oleh menika Midodareni yaiku upacara kang ngandhung makna menawa bengi sadurunge acara pengantenan iku, kabeh widodari mudhun saka suwarga aweh pangestu uga penganten putri bakal dadi ayu kaya widodari. Ing acara iki penganten putri ora oleh metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sadulur – sadulure putrine.
4.         SRAH – SRAHAN 
Srah-srahan iku diarani  uga “asok tukon” yaiku pehak kakung nyerahkake ubarampe lan beaya kang bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan.
5.         IJAB KABUL
Ijab Kabul yaiku sawijine rerangkening pengantenan kang nuduhake menawa penganten kakung kuwi ngucapkake janji ing ngendi kuwi didelok karo wong akeh kanggo saksi menawa nikahipun sampun sah.
6.         UPACARA PANGGIH
Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan dilehkake ing prapatan cedhak omah kang tujuwane kanggo gusir roh jahat. Upacara Panggih dhewe yaiku tetemune penganten putri lan penganten kakung saperlu nerusakake upacara balng suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbang, kacar kucur, dhahar klimah, mertui, lan sungkeman.
7.         UPACARA BALANG SURUH
Upacara balang suruh yaiuku upacara kang dadi pralambangan sih katresanan lan kasetiaan ing antarane penganten kakung lan putri.
8.         UPACARA WIJI DADI
Upacara Wiji Dadi yaiku uapacara mingangka penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikile penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki uga dadi pralambang sawijining kepala kulawarga sing tanggung jawab mrig kulawarga.
9.         PUPUK 

Upacara Pupuk yaiku upacara dene ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung lan menehi ngombe minangka tandha eklas nampa dadi bageane kulawarga.
10.     SINDURAN
Upacara Sinduran yaiku Lumampah alon-alon penganten kakung lan penganten putri kanthi nyampirake kain sindur kang ditarik kalih bapake penganten putri minangka tandha penganten sakloro wis di tinampa dadi kulawarga.
11.     TIMBANG
Upacara Timbang yaiku minangka penganten kakung lan putri lungguh ing pangkone bapake penganten putri kang dadi pralambangan sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantune saha besan.
12.     KACAR-KUCUR
Kacar-kucur yaiku Upacara kang migunakake awujud dhuwit receh, beras, lan ubarampe liyane kang dikucurake ana pangkone penganten putri minangka pralambang aweh nafkah.
13.     DHAHAR KLIMAH
Dhahar Klimah yaiku upacara kang dilakoni kanti cara penganten kakung lan penganten putri dhahar dulang dulangan minangka kang dadi pralambang penganten kakung lan putri bisa urip seneng lan susah kanthi bebarengan.
14.     SUNGKEMAN
Sungkeman yaiku Penganten kakung lan penganten putri sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
15.     MERTUI
Mertui yaiku upacara kang dilakoni kanthi cara wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak ing acara resepsi.
16.     KENDUREN/RESEPSI
Keduren utawa resepsi yaiku puncake acara pengantenan kang duweni makna upacara slametan, slamet amarga acarane inti ijab kabul wis sampun diselenggarakake, lan biyasane ing acara iki pasangan penganten nrima ucapan slamet saka kerabat, kanca, uaga kabeh sing hadir ing acara pengantenan. 

Sumber;http://lilis-mardiana.blogspot.com/2017/12/tata-cara-adat-jawa-manten-dalam-bahasa.html?m=1